Jumat, 26 September 2014

JAKA BEREG


Ing sawijining dina, sawise mulih saka dolan, Jaka Bereg susah atine, ora gelem mangan lan praupane katon mbesengut, ibune takon marang jaka bereg, amarga ora biasane kaya mangkono.
Jaka Bereg crito marang ibune yen dheweke saben dina dipundhamane dening kanca kancane yen dheweke ora duwe bapa, dheweke anak kowar. Sawise nyritakake marang ibune, jaka bereg dicritakake sapa sejatine bapane. Ibune banjur crita, yen sejatine bapane JakaBbereg iku, Adipati Jayengrana ing kadipaten Suroboyo lan kedadeyan 13 kepungkur sing ndadekake dheweke bali mulih menyang kampung lidah ing daleme bapake.
Jaka Bereg mangerteni manawa ibune (Dewi Sangkra) uga akrab diceluk “Roro Blengoh” mung selire adipati. Sawise ibune njlentrehake opo anane, Jaka Bereg ayem lan adhem atine. Dheweke wis ora nggatekake omongan kanca kancane lan dheweke kebak keyakinan bakal nemoni ramane ing kutho kadipaten Suroboyo.
Jaka Bereg kalebu bocah sregep, saben dina ngarit kanggo pakan sapi lan nggolek who galling kanggo pakan jagone. Jaka bereg kang asring diceluk “Sawunggaling” olah kanugrahan lan olah sanjata dening ayange, manawa isih timur nate dadi agul agule prajurit ing kraton Mataram.
Wis telung taun kliwat, jaka bereg wis ora sabar sowan marang  ramane lan kepingim suwita ing kadipaten Suroboyo. Jaka Bereg banjur pamitan lan sungkem dening ibu lan eyange. Rara Blengoh maringi “Candhe Puspito” peparingan garwane nalika isih mapan ing kutha kadipaten, uga dadi bukti yen bereg isih putrane sang adipati.
Satekane kutha kadipaten, sawungguling wis dipapag para prajurit saka ngarep gapura. Ora sembarang wong bisa sowan marang adipati. Sawunggaling ora kena dipenggak, para prajurit kuwalahan ngadhepi sawungguling. Prastawa kasebut ndadekake adipati kepinging mirsani opo sejatine kang dumadi.
Sang adipati ngendhekake padudon lan nakoni sawungauling, sopo jenenge lan saka ngendi pinangkane. Jaka Bereg banjur njawab sapa jenenge lan dheweke omong marang adipati yen dheweke  putrane Rara Blengoh lan eyange asma Wangsadrama. Lan dheweke menyang kadipaten suroboyo kepingin sowan lan ngabdi marang adipati.
Adipati kaget nalika sawungguling ngucapake asma ibune lan eyange. Adhipati takon maneh dening sawungguling sapa asma bapane. Sawungguling njawab manawa asma bapane adipati Jayengrana. Sawunggaling banjur nyaosake “cindhe puspita” marang kanjeng adipati. Sang adipati eling marengake “Cindhe Puspita” marang garwa selire sing ditresnani banget. Lan ora kleru maneh manawa bocah bagus sing prigel olah kanugrahan kasebut ora liya putrane dewe.
Sawunggaling banjur dirangkul lan dikanthi menyang pendapa kadipaten marang adipati Jayengrana lan ditepungake marang sawungrana lan sawungsari sing ora liya isih dulur luwih tuwa. Sawungrana lan sawungsari mung mesem kecut, lan pemikiran kekarone tekane sawungguling mung bakal dadi pepalange ngganteni kalenggahan ramane.
Ing sawijining dina, kadipaten Suroboyo ketekan kompeni belanda. Para prajurit kompeni sing cacahe ewon ngrabasa kadipaten Suroboyo, merga adipati jayengrana diajak kompromi marang Walanda. Kutha Suroboyo sing dadi palabuhan penting kanggo dagang rempah rempah saka Maluku rikala semana dikuasai dening adipati Jeyengrana. Adipati Jayengrana gugur ing glanggang payudan nalika perang musuh Walanda. Keluwarga lan putra putrine pada kocar kacir.
Kanggo ngisi kakosongan pamrintahan ing kadipaten Suroboyo, ratu ing tanah jawa kanjeng sinuwun Sri Mangkubuwono 1 ing kraton Kartosuro nganakake sayembara sing sapa wonge kasil nyodor umbul umbul yuda ing pucuking manara galah bakal diparingi bebana dadi striya pinunjul  lan disinengkakake ing ngaluhur dadi adipati ing kadipaten Suroboyo.
Para satriya lan nom noman ing tanah jawa unggul ing prajurit,sekti mandraguna, lan duwe kaprigelan ing olah kanugrahan podo melu sayambara. Kalebu putrane adipati jayengrana sawungrana, sawungsari, lan sawunggaling. Kabeh satriya lan nom noman wis pada nyoba sayembara lan disekseni kanjeng sinuwun pakubuwono 1 ing alun alun kutaraja kartosuro.
Ora ana siji wae para satriya lan nom noman sing kasil nyodor umbul umbul yuda kasebut. Pungkasane sawunggaling sing teka keri dewe wis nyoba melu sayembara kasebut lan kasil menangake sayembara. Pungkasane sawunggaling winisuda dadi satriyatama lan diangkat dadi adipati ing suroboyo kanthi gelar kanjeng adipati Jayengrana II.
Sawunggaling nerusake perjuwangan ramane mbebasake bumi Suroboyo saka penindese bangsa penjajah walanda sing dak sia lan ngidak idak ibu pertiwi sarta nyengsarakake rakyat ing kadipaten Suroboyo.
Para warga ing kadipaten suroboyo saiyeg saekakapti mbangun kadipaten suroboyo. Ibune, Roro Blengoh lan eyange wangsadrana kaboyong saka kampong lidah menyang dalem kadipaten Suroboyo lan urip tentrem, ayem, murah sandhang, pangan, lan papan.

Pungkasane crita, kompeni walanda ngerigage bala tentarane kanthi sanjata sing luwih maju lan modern. Sawunggaling gugur ing madyaning palagan rikala dumadi perang gede antarane kadipaten Suroboyo mungsuh kompeni walanda. Sawunggaling gugur dadi kusumasing bangsa lan asmane angganda arum nganti saiki ing madyaning warga kutho Suroboyo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar